Pages

Tuesday, May 31, 2011

TIGANG PERKAWES PENTING KAGEM MUKMININ

TIGANG PERKAWES PENTING KAGEM MUKMININ
Oleh : H. Mahidin Azhari

Dawuhipun Allah Swt :

يَآيُّهَاالَّذِيْنَ أَمَنُوْا اتَّقُوْااللَّهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا-يُصْلِحْ لَكُمْ اَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا. (الأحزاب : 70-71)

“Hey wong-wong kang iman, podho takwao siro kabeh marang Allah lan ngucapo klawan pangucap kang bener, yekti Allah kerso ndandani (mbagusake) amal-amalmu lan paring pangapuro marang dosa-dosamu. Lan sopo wae kang tha’at marang Allah lan Rasule / utusane, sejatini dhewek’e kui wis intuk kamulyan kang gedhe”. (QS. Al-Ahzab : 70-71).

Saking ayat puniko kito saget mangertosi bilih tiyang ingkang tansah taqwa (sae tumindak’ipun) lan sae tur leres pangandikanipun, tiyang kolo wau badhe pinaringan kabegjan wonten donyo ngantos akhiratipun; inggih puniko amalipun kacatet dados amal hasanah tur dipun ngapuro duso-dosanipun, menopo maleh tiyang puniko tansah iman lan tha’at dumateng Allah lan Rasulipun.

Wonten ing satunggaling hadits, Rasulullah Saw. ugi ndawuh :

مَنْ كَانَ يُؤْمِنُ بِاللَّهِ وَالْيَوْمِ اْلأَخِر فَلْيَقُلْ خَيْرًا اَوْ لِيَسْمُتْ وَ مَنْ كَانَ يُؤْمِنُ بِاللَّهِ وَالْيَوْمِ اْلأَخِر فَلْيُكْرِمْ جَارَهُ وَ مَنْ كَانَ يُؤْمِنُ بِاللَّهِ وَالْيَوْمِ اْلأَخِر فَلْيُكْرِمْ ضًيْفَهُ.

“Sapane wong kang iman marang Allah lan dino akhirat bechik maturoo sing apik utowo mendelo, lan sapane wong sing iman marang Allah lan dino akhirat bechik amolyakno (ngormat) marang tonggo-tepruhe, lan sapane wong sing iman marang Allah lan dino akhirat bechik amulyakno (ngormat) marang dayohe”. (HR.Bukhari & Muslim).

Hadits puniko kanthi jelas nedahaken bilih sinten ke-mawon ingkang iman lan percados dumateng Allah soho dinten akhirat (piwalesanipun Allah), tiyang puniko kedahipun :

1. Ngendikan kanthi sae (leres, jujur, sopan), menawi mboten saged inggih mendel ke-mawon
2. Ngormat utawi mulyaaken dumateng tanggi-tanggi wonten lingkunganipun.
3. Ngormat utawi mulyaaken dumateng tiang ingkang dedayoh.

Pangertosan “ngormat / mulyaaken” ingkang dipun kajengaken inggih puniko “bilih kito kedah ipun tansah tumindak sae, jujur, tulus ikhlas, njagi manahipun tiang sanes sampun ngantos ter singgung saking pangandikanipun tiyang ingkang dipun adepi, ugi tansah njagi akhlakul karimah saben dintenipun”.

Menawi 3 perkawis puniko tansah dipun jagi, fa-Insya-Allah gesang kito sager tentrem, ayem tur barokah amargi tansah pikantuk Rahmat, Nikmat soho Hidayahipun Allah Swt.
sumber:www.mahidin.wordpress.com

No comments:

Post a Comment