Pages

Sunday, July 17, 2011

Dakwah dengan cara yang halus..

Assalamu'alaikum Wr.Wb

Alhamdulillah puji lan syukur monggo tansah kito tujuaken dumateng Alloh SWt sahinggo wonten ing kasempatan puniko kita tansih dipun paringi nikmat iman islam sholawat soho salam ugi tansah kito aturaken dumateng junjungan kito nabi muhammad SAW mugi mugi kito kalebetno umatipun ingkeng pikantuk syafaat wonten ing yaumil akhir amiin..

Bapak soho ibu-ibu ingkang dipun muliaaken dhateng gusti Alloh..rosulullah SAW anggenipun nyebaraken agami islam puniko kanthi mawi coro ingkeng alus lan mboten ngagem kekerasan.

wonten satunggaling kisah, nggeh puniko wonten pengemis ingkeh dereng mlebet islam utawi yahudi. pengemis puniko mbendino kanthi semangat nyiaraken dumateng wargo ing pasar bilih kanjeng nabi muhammad meniko penipu, tukang fitnah, lan sakpanunggalanipun.Ojo cerak cerak marang muhammad muhammad iku penipu ujaripun pengemis kolowau.


Lajeng rasulullah mireng banjur rasulullah nyerai pengemis kolowau lan dipun paringi dhaharan saben enjang.
Niku hebatipun rasulullah...menawi kul jano lan panjenengan sedoyo saget niru hebat njeh..mugi mugi saget amiin...ning biasanipun nek kito dipun hino biasanipun lajeng mboten trimo nggeh..mugi mugi mboko sekedit kito saget niru kanjeng nabi amiin.

lajeng tindakan meniko dados rutinitas kangjeng nabi lan rikolo kanjeng nabi nyuapaken dhaharan dhateng pengemis kolo wau pengemis yahudi kolowau pesen kalian rasul wahai pemuda tolong ojo cerak cerak marang muhammad yo mergo muhammad iku penipu..padahal sing nyuapi iku janjane kanjeng nabi muhammad ning pengemis puniko mboten ngertos nek sing nyuapi iku muhammad.

Mbanjur saksapunipun rasulullah wafat wonten sahabat nabi Abubakar...Suatu hari Abu Bakar r.a berkunjung ke rumah anaknya Aisyah r.ha. Beliau bertanya kepada anaknya, "anakku adakah sunnah kekasihku yang belum aku kerjakan", Aisyah r.ha menjawab pertanyaan ayahnya, "Wahai ayah engkau adalah seorang ahli sunnah hampir tidak ada satu sunnah pun yang belum ayah lakukan kecuali satu sunnah saja". "Apakah Itu?", tanya Abu Bakar r.a. Setiap pagi Rasulullah SAW selalu pergi ke hujung pasar dengan membawakan makanan untuk seorang pengemis Yahudi buta yang berada di sana", kata Aisyah r.ha.

Tuesday, May 31, 2011

TIGANG PERKAWES PENTING KAGEM MUKMININ

TIGANG PERKAWES PENTING KAGEM MUKMININ
Oleh : H. Mahidin Azhari

Dawuhipun Allah Swt :

يَآيُّهَاالَّذِيْنَ أَمَنُوْا اتَّقُوْااللَّهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا-يُصْلِحْ لَكُمْ اَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا. (الأحزاب : 70-71)

“Hey wong-wong kang iman, podho takwao siro kabeh marang Allah lan ngucapo klawan pangucap kang bener, yekti Allah kerso ndandani (mbagusake) amal-amalmu lan paring pangapuro marang dosa-dosamu. Lan sopo wae kang tha’at marang Allah lan Rasule / utusane, sejatini dhewek’e kui wis intuk kamulyan kang gedhe”. (QS. Al-Ahzab : 70-71).

Saking ayat puniko kito saget mangertosi bilih tiyang ingkang tansah taqwa (sae tumindak’ipun) lan sae tur leres pangandikanipun, tiyang kolo wau badhe pinaringan kabegjan wonten donyo ngantos akhiratipun; inggih puniko amalipun kacatet dados amal hasanah tur dipun ngapuro duso-dosanipun, menopo maleh tiyang puniko tansah iman lan tha’at dumateng Allah lan Rasulipun.

Wonten ing satunggaling hadits, Rasulullah Saw. ugi ndawuh :

مَنْ كَانَ يُؤْمِنُ بِاللَّهِ وَالْيَوْمِ اْلأَخِر فَلْيَقُلْ خَيْرًا اَوْ لِيَسْمُتْ وَ مَنْ كَانَ يُؤْمِنُ بِاللَّهِ وَالْيَوْمِ اْلأَخِر فَلْيُكْرِمْ جَارَهُ وَ مَنْ كَانَ يُؤْمِنُ بِاللَّهِ وَالْيَوْمِ اْلأَخِر فَلْيُكْرِمْ ضًيْفَهُ.

“Sapane wong kang iman marang Allah lan dino akhirat bechik maturoo sing apik utowo mendelo, lan sapane wong sing iman marang Allah lan dino akhirat bechik amolyakno (ngormat) marang tonggo-tepruhe, lan sapane wong sing iman marang Allah lan dino akhirat bechik amulyakno (ngormat) marang dayohe”. (HR.Bukhari & Muslim).

Hadits puniko kanthi jelas nedahaken bilih sinten ke-mawon ingkang iman lan percados dumateng Allah soho dinten akhirat (piwalesanipun Allah), tiyang puniko kedahipun :

1. Ngendikan kanthi sae (leres, jujur, sopan), menawi mboten saged inggih mendel ke-mawon
2. Ngormat utawi mulyaaken dumateng tanggi-tanggi wonten lingkunganipun.
3. Ngormat utawi mulyaaken dumateng tiang ingkang dedayoh.

Pangertosan “ngormat / mulyaaken” ingkang dipun kajengaken inggih puniko “bilih kito kedah ipun tansah tumindak sae, jujur, tulus ikhlas, njagi manahipun tiang sanes sampun ngantos ter singgung saking pangandikanipun tiyang ingkang dipun adepi, ugi tansah njagi akhlakul karimah saben dintenipun”.

Menawi 3 perkawis puniko tansah dipun jagi, fa-Insya-Allah gesang kito sager tentrem, ayem tur barokah amargi tansah pikantuk Rahmat, Nikmat soho Hidayahipun Allah Swt.
sumber:www.mahidin.wordpress.com

Tuntunan Sholat Bahasa jawa

TUNTUNAN SHOLAT
BOSO JAWI


Poro maos lan poro sutresno, saksampunipun wudzu paripurno ketindahaken, lajeng prayogi tindak dateng papan Sholat ing kang sampun suci saking Hadast lan Najis. Selajengipun kulo aturi emut dateng sabda dalem Rosululloh SAW wonten ing satunggaling Hadist.

Sabda Rasulullah SAW.

Sholluu kamaa ra aitumuunii ushollii

Coro jawinipun :
Sholat tho siro kabeh koyo dene Ingsun (Muhammad) Sholat.

Selajengipun sumonggo samyo ngadeg madep kiblat (ingkang kuwaos), manah pun tentremaken, pikir pun tenangaken kanthi khusuk Niat Sholat karono Alloh Tanga’ala.
Sak sampunipun toto manah, toto pikir, tumoto patrapipun Sholat, lajeng Takbirotul Ikrom kanthi sesarengan ngangkat astho kekalih ngantos jempol tangan nyenggol godoh talingan :

Takbiratul Ikrom :

Allohu Akbar

Coro jawinipun :
Gusti Alloh Ingkang Maha Agung

Sesarengan ngangkat astho kekalih ngantos jempol tangan nyenggol godoh talingan.
Selanjengipun maos donga Iftitah, salah satunggaling conto :



Alloohumma ba’id bainii wabaina khathaa yaaya kamaa ba’adta bainal masyriqi wal maghrib.

Coro jawinipun :
Duh Gusti Alloh, Mugi Paduko anebihano ing antawisipun kula lan kalepatan kulo, kados anggen paduka sampun anebihaken antawisipun Wetan lan Kilen.



Alloohumma naqqinii minal khathaa ya kamaa yunaqqats tsaubul abyadlu minaddanas

Coro jawinipun :
Duh Gusti Alloh mugi angresikno ing badan kula, saking sedoyo kalepatan kula, kados Resikipun pengangge pethak, resik saking kekotoran.


Alloohummaqhsil khathaa yaaya bil maa-i wats tsalji wal barod.

Coro jawinipun :
Duh Gusti Alloh mugi ambasuho ing kalepatan kulo, mawi toya, mawi bun, lan mawi jawah woh.

Lajeng Maos : Surat Al Fatikhah


A’uudzubillaahi minassyaithoonirrrojiim

Coro jawinipun :
Kawulo nyuwun reksa dumateng Gusti Alloh, saking panggodanipun syetan ingkang karanjam.

Bismillaahir rakhmaanir Rahiim

Coro jawinipun :
Kelawan Nyebat Asmo Dalem Gusti Alloh ingkang Moho Mirah tur kang welas asih.

Alkhamdulillaahi rabbil ‘Aalamiin.

Coro jawinipun :
Sedoyo pangalembono, konjuk ing Ngarsa dalem Gusti Alloh, ingkang Mangerani Sedoyo ngalam.



Arrakhmaanir rahiim

Coro jawinipun :
Ingkang Moho mirah tur kang welas asih.

Maaliki yaumiddiin.

Coro jawinipun :
Ingkang ngratoni ing dinten kiamat.


Iyyaaka na’budu wa iyyaaka nas’ta’iin

Coro jawinipun :
Namung dumateng Paduko piyambak kawulo Manembah; soho namung dumateng Paduko piyambak kawulo nyuwun pitulungan.



Ihdinash shiraathal mustaqiim

Coro jawinipun :
Dhuh Gusti Alloh mugi Paduko anedahno ing kawulo dhateng margi ingkang leres.





Shiraathal ladziina an’amta ‘alaihim ghairil maghdluubi ‘alaihim waladl dlaalliin.

Coro jawinipun :
Inggih meniko marginipun poro tetiyang, ingkang sampun Paduko paringi nikmat; Sanes marginipun poro tetiyang ingkang sami kabendon tuwin kasasar.

Aamiin.



Coro jawinipun :
Dhuh Gusti Alloh mugi Paduko angabulno ing Panuwun kawulo.

TUMUNTEN MAOS SALAH SATUNGGALING SURAT SAKING AL-QURAN ING ANTAWISIPUN.

Surat Al Ikhlas

Bismillaahi rohmaanir rahiim

Coro jawinipun :
Kelawan nyebat Asma dalem Gusti Alloh ingkang Moho mirah tur kang welas asih.

Qulhuwallaahu Ahad

Coro jawinipun :
1. Dawuho siro (Muhammad), Panjenengan Gusti Alloh iku mung Siji

Allaahush shamad

Corojawinipun:
2. Gusti Alloh iku, kang di suwuni barang kabutuhan.

Lam yalid walam yuulad

Coro jawinipun :
3. Ora peputro lan ora pinutrakake




Walam yakul lahuu khufuwan Ahad.

Coro jawinipun :
4. Sarto ora ono Sawiji wae kang madani marang Panjenengane.

Lajeng Takbir Bade Rukuk.

Alloohu Akbar

Coro jawinipun :
Gusti Alloh ingkang Moho Agung

Waosan rukuk ing antawisipun:


Subkhaanakallooh humma rabbanaa wabikhamdika Alloohummaghfirli

Coro jawinipun :
Moho suci Paduko, Dhuh Gusti Alloh Pangeran kulo, Kanthi memuji ing ngarso Paduko Ya Alloh mugi paring pangaksama dumateng kulo.

Tumenten tangi (tegak) asto kaangkat kados nalikanipun takbirotul ikrom, tumunten asto kapepetaken ing samping badan. Meniko ingkang kawastanan I’tidal sesarengan maos:

Sami’ Alloohuliman khamidah

Coro jawinipun :
Mugi-mugi Alloh tansah amidangetaken poro tetiyang ingkang memuji Mangalembono.
Lajeng maos:

Rabbanaa walakal khamdu

Coro jawinipun :
Dhuh Pangeran kawulo; Namung kunjuk ing Ngraso Paduko, sedoyo pepuji lan pangalembana.



Lajeng Takbir Bade Sujud:

Allohu Akbar

Coro jawinipun :
(Alloh ingkang Moho Agung)

Dengkul kiwo tengen, lajeng epek-epek kiwo tengen, lajeng banthuk lan irung dipun pepetaken ing pasujudan, driji sikil mancat kadepaken qiblat.


Lajeng maos:


Subhaanakallooh humma rabbanaa wabikhamdika Allaahummagh firli

Coro jawinipun :
Moho Suci Paduko; Duh Gusti Alloh Pangeran kulo, kanthi memuji ing Ngarso Paduko ya Alloh; mugi paring Pangaksama dumateng kulo.

Lajeng tangi lenggah Antawisipun kalih Sujud. Kanthi maos :

Alloohu Akbar :


Coro jawinipun :
Alloh ingkang Moho Agung

Lajeng maos :



Alloahummagh firli warkhamni wajburni wahdini waryuqni

Coro jawinipun :
Dhuh Gusti Alloh, mugi ngapunteno ing kulo, ngasihono dumateng kulo, nambelono ing kekirangan kulo, anedahno dumateng kulo, sarta maringana Rizqi ing kulo.

Lejeng sujud malih kanthi maos :


Alloohu Akbar


Coro jawinipun :
Alloh Ingkang Moho Agung

Lajeng maos:


Subkhaanakallooh humma rabbanaa wabikhamdhika Allaahummagh firli

Coro jawinipun :
Moho Suci Paduko; Duh Gusti Alloh Pangeran kulo, kanthi memuji ing Ngarso Paduko ya Alloh; mugi paring Pangaksama dumateng kulo.


Lajeng tangi Lenggah “Istirohat”, kanthi maos :

Alloohu Akbar :

Coro jawinipun :
Alloh ingkang Moho Agung











Lajeng lenggah Tasyahud Awal /“Istirosy”

Waosan tasyahud awal/“Istirosy” ing antawisipun:



Attakhiyaatulillaah Waas sholawatu wath thoyyibaat

Coro jawinipun :
Sadoyo kehormatan kagungan dalem Gusti Alloh.
Maketan ugi sedoyo Rohmat lan kesaenan, mugi tetepo ing jengandika Kanjeng Nabi, Menopo dene Rahmat saha berkahipun Gusti Alloh.




Assalamu’alaika ayyuhannabiyyu warakhmatulloohi wabarakaatuh

Assalaamu’alainaa wa’alaa ‘ibaadillaahish shoolikhiin.

Coro jawinipun :
Kawilujengan mugi tetepa ing kita, sarto kawulonipun Gusti Alloh ingkang sami Sholeh.




Asyhadu allaa ilaaha illallooh

Coro jawinipun :
Kulo anekseni bilih saestu mboten wonten Pangeran ingkang wajib sinembah, kejawi namung Gusti Alloh.


Wa Asyhadu anna Mukhammadan ‘Abduhu warosuuluh.

Coro jawinipun :
Sarta kula anekseni, bilih kanjeng Nabi Muhammad menika utusan saha kawulanipun Gusti Alloh.






Alloohumma Sholli ‘alaa Mukhammad, Wa’alaa Aali Mukhammad, kamaa Shollaita ‘alaa Ibraahiim Wa Aali Ibraahiim

Coro jawinipun :
Dhuh Gusti Alloh, mugi paringa tambahing Rahmat dhumateng kanjeng Nabi Muhammad, Sak keluarganipun sedaya, kados ingkang sampun Paduka Paringaken dumateng Kanjeng Nabi Ibrahim, saha para kulo warganipun.






Wabaarik ‘alaa Mukhammad wa ‘alaa Aali Mukhammad kamaa baarokta ‘alaa Ibraahiim wa Aali Ibraahiim Innaka khamiidummajiid.

Coro jawinipun :
Mekaten ugi paringo berkah dumateng Kanjeng Nabi Muhammad kados ingkang sampun Paduka paringaken dumateng Kanjeng Nabi Ibrahim, saha para kulo warganipun. Saestu Paduka menika Dzat ingkang pinuji, sarta ingkang Moho Agung.

Menawi kagem tasyahud akhir “Tawarruk”/akhir
Katambahan dongo:

Alloohumma innii A’uudzubika min’adzaa bijahannam wamin ‘adzaa bilkhobri wamin fitnatil makhyaa wal mamaat wamin syarri fitnathil masyii khiddajjaal.

Coro jawinipun :
Dhuh Gusti Alloh, kulo saestu nyuwun Reksa saking siksanipun Neraka jahannam, tuwin siksanipun kubur, lan fitnah wonten ing nalika gesang sohi ingkang wonten ing sasampunipun pejah, menopo dene saking piawonipun fitnahing Dajjal.


Yaa muqollibal quluub tsabbit qolbii ‘alaa diinik


Coro jawinipun :
Dhuh Gusti ingkang mbolak mbalik aken manah, mugi Paduko anetepaken manah kulo, tetep ing Agama Paduko, Agami Islam.


Lajeng Salam kanti mengo Nengen Lan Ngiwo kanti waosan :




Assalaamu’alaikum Warokhmatulloohiwabarokaatuh.

Coro Jawinipun :
Kawilujengan, rahmat saha berkahing Gusti Allah mugi tetepa dhumateng panjenengan sami.
ditulis oleh sukiman :
sumber :22jan95.blogspot.com

Ngaos Islam Ngagem bahasa Jawi

Assalamu'alaikum Wr.Wb

Alhamdulillah puji lan syukur monggo tansah kito tujuaken dumateng Alloh SWt sahinggo wonten ing kasempatan puniko kita tansih dipun paringi nikmat iman islam sholawat soho salam ugi tansah kito aturaken dumateng junjungan kito nabi muhammad SAW mugi mugi kito kalebetno umatipun ingkeng pikantuk syafaat wonten ing yaumil akhir amiin..

Wonten ing riki kulo awit asmo admin ingkeng ngelola web puniko mboten sanes namung kagem dakwah wonten ing internet mbokmenawi sakniki takseh arang ingkeng nulis mawi bahasa jawi.

Mugi mugi Blog puniko saget migunani dumateng kitosedoyo.

Awit asmo admin nyuwun lumunturing seh samudropangaksasmi menawi kathah kalepatan,soho bahasa ingkang mboten pas. Mugi mugi Gusti Alloh paring pangapunten dumateng kito sedoyo amiin.


Admin Ngaos-islam